Rabu, 22 Januari 2020

Bab


          GAMELAN


               


Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.[1]Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2] Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.[1]Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.[2]

Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][butuh sitiran] Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]

Gamelan kalebu pérangan ing kabudayanJawa.[2] Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, jogèd, uyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro ya iku laras pélog lan laras sléndro.[2] Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.[2]

Sumber: https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Gamelan

3 komentar: