Rabu, 22 Januari 2020

Bab Pranata Cara

Bab    

        

             PRANATACARA


               




A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara


Gatekno pethilan teks pranatacara ngisor iki!


Assalamualaikum Wr. Wb.

   Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

   Para pangemban pangembating praja satriyaning negeri maningka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinabu ing pakurmatan.

   ...

   Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.



   Pranatacara kakung sumawana putri, wondene lenggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka denying para kulawangsa nun inggih:

Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit sasana busana;

Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;

Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa;

Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten;

Adicara ingkang angka tanggal sabdatama;

Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga minangka paran para.

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara

   Isi teks Pranatacara ing ndhuwur, yaiku:

Teks Pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul;

Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan Kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.

B. Mbedhah Kaidah Pranatacara

   Urut-urutane teks Pranatacara:

Salam Pambuka;

Atur pamuji;

Atur kasugengan, kairing atur panuwun;

Wedharing gati;

Atur nyuwun pangapura;

Penutup;

Salam penutup.

D. Maca Teks Pranatacara

   Supaya anggone maca teks Pranatacara gampang dimengerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki.

Pangucapane kang trep;

Pamedhote utara kang trep;

Intonasi, nada, lan tekanan kang trep;

Mangerteni tandha wacan kanthi trep;

Swara kang cetha;

Ngatur alon lan cepete pamaca;

Ngolah treping mlebu wetuning napas;

Mahami wacan;

Pracaya marang diri pribadi.


E. Kawruh Kagunan Basa



   Tembang Yogyaswara

   Tembang yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon.

   Contohne: bathara-bathari

                       Kedhana-kendhini

                       Hapsara-hapsari


F. Tembung Entar

   Enter tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).

   Contohne: gedhe endhase=gumedhe

                       Kethul pikire=bodho


G. Rura Basa

   Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wiskabacut lumrah.

   Contohne: godhong wedang

                       Nguleg sambel

H. Panyandra

   Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandra menggah kabergasaning badan.

   Contohne: rambute ngambek banyu

                       Drijine mucuk eri

                       Alise nanggal sapisan


I. Pepindhan

   Pepindahan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadya, lir, pendah.

   Contohne: lakune kaya macan luwe

                       Rukune kaya mimi lan minta

                       Suwarane kaya bledheg


(Sumber: gegaran nyinau basa Jawa KELAS X SMA/SMK/MA)

3 komentar: