Panganan Tradhisional Jawa
Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan conro ing makassar, rendhang ing pandang, lan sapanunggale.
A. Maca lan nanggapi teks
Gatekna pethilan teks ngisor iki!
A. Maca lan nanggapi teks
Gatekna pethilan teks ngisor iki!
Tumpeng
Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan.
Tumpeng biasane dinggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpenge ing ritual Jawa
B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks
Babagan kang kudu digatekake yaiku:
- Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
- Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
- Tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan;
- Tumpeng kang lancip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta panggarep-arep supaya urip munggah lan dhuwur.
C. Mbedhah isine teks
Jadah
Saka jenenge jadah manten bisa ngemu tegese sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe penganten putri. Jajanan iki didadikake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang,putih,ireng, kuning,biru, jingga, lan unggu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.
Isi teks ing dhuwur, yaiku:

- Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kang penganten;
- Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket;
- Jadah uga minangka jajan kang padhatan ana ing acara tedhak siten;
- Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga,lan ungu;
- Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.
Sumber: Buku Gegagaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA